517 Islam Kaafah (Kategori posting Kultum)
Sederek pengaos ingkang munulya, Rahmat saha Bimbingan Allah SWT. mugi
tansah dipun curahaken dumateng kita sedaya, pakarya menapa kemawon
wonten ing dunya niki, kangge nggayuh kamulyan lan nggayuh Ridhonipun
Gusti Allah wonten Akhirat mangke. Aamiin...
Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang dipun Rahmati dening Allah SWT,
Alhamdulillah, puji syukur kita dumateng Gusti Allah, ingkang sampun
paring iman Islam dumateng kita sedaya lan paring kesehatan, dene
ngantos dinten menika wonten malem ramadhan kita tesih saged anglampahi
sedoyo perintahipun, salah setungalipun inggih menika saged anindak-aken
shalat Isya sareng-sareng lan dipun terusaken shalat taraweh jama'ah
wonten mesjid ingkan minulya menika.
Shalawat saha salam mongga kita aturaken dumateng haribaan junjungan
Nabi akhir zaman nggih menika Nabi Muhammad saw. lan keluarganipun, para
sahabat, para tabi'in lan tabiut-tabi'in saha kita sedaya ingkang
ngantos dinten menika tesih angrungkepi lan nindaken ajaranipun,
mugi-mugi angsal syafa'tipun wonten akhirat mangke. Aaamin ya robbal
'alamin.
Kaum muslimin lan muslimat ingkang dipun Rahmati dening Allah SWT,
Saben menungsa menika pasti tansah mbetahaken pitulungan. Pitulungan
ingkan paling pas lan sae ugo paling leres, nggih menika namung
pitulungan saking Allah SWT. Sabar lan nindakaken Shalat ingkang, khusu'
saged ndadosaken manungsa angsal pitulungan saking Gusti Allah,
pitulungan gangsar rezekinipun, lan pitulungan kawarasan raga lan
rohanipun. Amargi sabar lan shalat, menika sabar amalan hati, menawi
shalat amalan anggota badan. Kalih perkawis menika nggadahi kekdudukan
ingkang mulia.
Wonten ndalem kitab Al-Qur'an surat al-Baqarah ayat 45-46 Allah berfirman :
وَاسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِۗ وَاِنَّهَا لَكَبِيْرَةٌ اِلَّا عَلَى الْخٰشِعِيْنَۙ
الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَاَنَّهُمْ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَ
"Jadikanlah sabar dan shalat sebagai penolongmu. Dan sesungguhnya yang demikian itu sungguh berat, kecuali orang yang khusyu' " (QS Al-Baqarah : 45)
"Yaitu orang-orang yang meyakini, bahwa mereka akan menemui Tuhannya, dan bahwa mereka akan kembali kepada-Nya." (QS Al-Baqarah : 46).
Saking ayat-ayat menika saged kita pahami bilih kita kedah nyuwun dumateng Gusti Allah kanthi sabar lan shalat ingkang
khusu'. Sabar lan shalat menika salah setunggaling amalan ingkang utami
menawi kita bade nyuwun menapa kemawon, dumateng Gusti Allah amargi
sabar lan shalat menika amalah shaleh ingkang saged nyaketaken diri kita
dumateng Allah SWT. Kita dipun arahaken supados sabar menawi nampi
cobaan susah utawi nampi kesenangan, sebab perkara ingkang kalih niki
hakekatipun sedoya ujian. Dipun coba kesusahan inggih ujian dipun
paringi kesenengan nggih ujian.
Para ulama membagi kesabaran menika dados 3 perkawis.
1. Sabar anggenipun nindaaken perintahipun Allah swt.
2. Sabar anggenipun nebihi laranganipun Allah swt.
3. Sabar anggenipun nampi musibah/ujian saking Allah swt.
Dene tigang perkawis menika kedah dipun tindaaken kanti sae, ikhlas, supados kita pikantuk petulungan Allah swt.
Kaum muslimin lan muslimat ingkang dipun Rahmati dening Allah SWT
Mila supados kita dipun pinaringan pitulung saking Gusti Allah, inggih
menika kanti nindaaken shalat ingkang khusu' lan ikhlas namun dipun
tumuju dumateng Allah SWT semata. Lampahaken shalat wajib gangsal wektu,
lan dipun tambah shalat sunnah-sunnah ingkang dipun perintahaken kados
ingkang dipun contohaken dening kajeng Nabi Muhammad SAW. Kanti pasrah
mengaturaken kelemahan/kekirangan lang pasrah kanti donga yen kita
sangat membutuhkan sanget pertolongan saking Gusti Allah SWT.
Rasulallah saw. nate ngajaraken shalat hajat kegem nyuwun pitulungan
Allah. Shalat istikharah kagem nyuwun kemantepan hati menawi wonten
kalih perkawis ingkang membingungkan. Kita ugi sampun dipun ajaraken
shalat tahajjud terutama wonten ing sepertiga malam terakhir wekdal
ingkang dipun istimewaaken dening Gusti Allah. Menawi wonten hamba
ingkang nyuwun ampun dumateng Gusti Allah bakal Allah ngampuni
dosanipun. Menawi nyuwun pitulungan menapa kemawon, ingkang dipun
pengini kita, pasti Allah bade maringi pitulungan menika.
Sumangga wonten ing shalat kita tansah nyuwun pitulunanipun Gusti Allah
lan tentunipun kedah kanti kesabaran. Insyaallah kita saged tansah
pinaringan pitulungan saking Gusti Allah. Aamiin....
Kula cepaki semanten kultum malem menika wonten judul "Sabar lan Shalat" menawi kita tesih kepanggih malih dipun sambung kanti kultum judul ingkang sanesipun.
Wasalamu'alaikum wr.wb.
Share this post
Tidak ada komentar:
Posting Komentar